Kamis, 10 Desember 2009

DAGELAN, HUMOR, LAWAK, LUCU, ETC

Kata Pengantar

Derek-derek sedoyo,

Sumber cerito jilid telu iki sik pancet njagakno seko wong mblakrak, dhadhi lek onok wong cangkruk tak tunggoki. Biasane iku ceritone metu lek pas karambol, adu jangkrik, mantenan utowo sunatan. Kapanane aku tau keliru, tiwas tak belani ndhodhok sampek kembung tibake wong nggrandong, mulakno kok nggremeng kabeh.

Mari njajah ndeso disosor meri, ben omah tak enggoki, jilid telu iki akhire mari. Ceritone sembarang kalir tak cuampur dhadhi siji. Mugo-mugo ae sik pancet mujarab kanggo nambani bojo utowo pacar sampeyan sing lagi menderita nyaprut mbetutut.





Suwun
Budhi Santoso
Paiton, Desember 2002



Peringatan Hak Cipta

Ngguyu iku termasuk salah siji hak asasine menungso, dhadhi gak perlu mbayar. Aku gak masalah lek bukuku iku nyebar nang endhi ae, tapi lek onok wong sing sampek wani ngomersilno, tak dungakno ngguyu pitung turunan gak isok mingkem.












Daftar Isi

Piro umurku ? 5
Bakso Spanyol 6
Balas Dendam 7
Apes 8
Umur 9
Sing tabah yo . . . 10
Lawang Wesi 11
Nyegat bis 12
Limolas Juta 13
Putus Cinta 14
Nginceng 15
Deodorant 16
Ngelindur 17
Putus Asa 18
Malam Pertama 19
Foto 20
Ulang Tahun 21

Piro umurku ?
Mat Penceng umure wis atene 45 taun. Awake sik gagah otote dempal, cumak sayange dapure mulai kisut ireng kabeh.

Pas ulang taunan sing 45, Mat Penceng kepingin kethok enom maneh.
Akhire Mat Penceng nekat mecah celengan bojone digawe ongkos operasi plastik.
Tibake gak rugi mecah celengan, soale dapure Mat Penceng saiki malih resik, putih lan ketok enom maneh. Mat Penceng bungah atine, ben ketemu wong wedhok dikongkon mbedhek piro umure.

Pertama pas nang pasar atom onok ibu-ibu tuku kain.
"Ning, ayo bedhe'en piro umurku ?" takok Mat Penceng ambek mesam-mesem.
"Paling sik selawe . . ." jare ibu-ibu iku ambek ngematno dapure Mat Penceng.
"Salah Ning, umurku sakjane wis 45" jare Mat Penceng bangga.
Ibu-ibu iku gak percoyo, akhire Mat Penceng ngetokno KTPne.

Mari ngono Mat Penceng ngenteni buyarane arek SMA.
Pas onok cewek-cewek liwat, Mat Penceng mbedhe'i maneh nang arek-arek iku piro umure.
Onok sing mbedhek 25, 28, 24, paling banter onok sing mbedhek 31 taun. Gak onok sing isok titis mbedhek 45. Bareng dikandani lek umure iku 45 gak onok sing percoyo, bareng didhudhuhno KTPne dhadhak semburat kuabeh.

Mat Penceng malih tambah bangga mergo dapure tambah ngguanteng. Pokoke ben pethuk wong wedhok mesti dibedhe'i umure, tapi gak onok sing bener.

Pas dulin nang Delta Plasa, Mat Penceng antri pesen mangan nang McDonald. Bareng oleh giliran, Mat Penceng ditakoni pelayane arep pesen opo.
"Sik mbak, sak durunge aku pesen, ayo bedhe'en piro se umurku?" jare Mat Penceng.
"Kiro-kiro 27 mas" jare pelayane.
"Salah mbak, umurku 45" jare Mat Penceng.
Mari lego nggarai, akhire Mat Penceng pesen panganan.

Lha pas arep mulih, nang parkiran Mat Penceng pethuk ambek nenek-nenek arep mlebu montor.
Mergo durung tau mbedhe'i wong tuwek, akhire Mat Penceng nekat nguber terus takok.
"Sepurane yo mbah uti, aku kepuingin mbedhe'i sampeyan kiro-kiro piro umurku mbah?" jare Mat Penceng.
"Ngger putuku, ojoko kiro-kiro, masio aku wis tuwek elek koyok ngene, aku isok mbedhek persis piro umurmu." jare simbah mau.
"Iyo tah, piro se umurku?" takok Mat Penceng penasaran.
"Wah tapi onok sarate" jare simbah mau.
"Opo sarate mbah ?" Mat Penceng tambah penasaran.
"Sarate iku, awakmu kudhu culno klambimu kabeh sak kampese pisan wudho blejet, terus mlayu muteri parkiran iki limang putaran. Lek wis mari, lagek aku isok mbedhek umurmu." jare simbah iku mau.

Mat Penceng ngengkel cik angele sarate, tapi simbahe ngotot lan ngancam lek gak gelem yo wis ditinggal mulih. Mergo penasaran lagek onok wong sithok iki sing ngaku isok mbedhek umure, akhire Mat Penceng nuruti sarate. Mari nitipno klambi nang simbah iku, Mat Penceng mlayu wudho muteri parkiran montor. Lagek oleh rong putaran, Mat Penceng wis mbalik nang simbah iku ambek bengok-bengok njaluk tulung.
"Mbah, tulung mbah !!!, aku diuber-uber satpam dikiro wong gendeng. Ayo cepetan bedhe'en umurku piro selak satpame teko !!" jare Mat Penceng ambek menggos-menggos gupuh kabeh.

Mari nguncalno kampese Mat Penceng, simbah iku mau ngomong,"Le, aku weruh umurmu iku saiki 45".
Mat Penceng kuaget sampek lali kampesan, kok onok wong sik isok mbedhek umure.
"Mbah, aku sik penasaran, mek sampeyan thok sing mbedhek umurku, opo rahasiane mbah?" takok Mat Penceng gak sabar.
"Ngene lho Le, aku mau persis nang mburimu pas antri nang McDonald . . ."


Bakso Spanyol

Bunali ngelencer nang Spanyol kepingin ndelok matador.
Mari mlaku-mlaku, wetenge luwe terus mampir nang restoran.
Mergo menune kuabeh nganggo bahasa Spanyol, Bunali malih bingung.

Akhire Bunali takok nang pelayane opo menu sing paling special.
Ambek pelayane Bunali ditawari bakso spanyol, Bunali setuju.
Pas panganane teko, tibake penthol bakso mek loro dihias godhong tales.
Mergo luwe, penthol loro iku diunthal sak emplokan, tibake bakso spanyol yo enak pisan pikire.
Mari mangan, Bunali takok nang pelayane "Daging opo iku mau, kok enak baksone?"

Pelayane ngomong lek iku ngono bijine sapi sing matek kalah tarung ambek matador.
Pertama Bunali kudhu muntah pas krungu, tapi mergo enak yo wis gak opo-opo.
Cumak Bunali kuaget pas mbayar tibake regone luarang, untunge sangune nang kesak sik cukup.

Sisuke Bunali teko maneh nang restoran iku maneh katene pesen bakso special koyok wingi.
Mergo nggondhok, sak durunge budhal, Bunali nyeblek kecoak terus disaki.
Pas panganane teko, tibake penthole saiki rodhok cilik. Gak opo-opo wis, sing penting enak.
Mari mangan, Bunali ngetokno kecoak ambek bengok-bengok.
"Aku gak gelem mbayar, lha mosok baksone onok kecoake" jare Bunali.

Pelayane akhire ngalah, Bunali gak perlu mbayar. Bunali sueneng akale berhasil.

Pas katene mulih, Bunali protes maneh nang pelayane opoko kok penthole saiki rodho cilik gak koyok wingi.

Pelayane cerito lek dino iki sing kalah matadore.


Balas Dendam

Wonokairun mlaku mlaku nang TP ijenan katene mejeng, dandane mbois gak gelem kalah ambek ABG. Pas katene mulih dhadhak dirampok nang parkiran.
Kuabeh amblas, bronpit disikat, dompet amblas, klambi diplorot kari kampesan thok.
Wonokairun ngguondhok pol, toleh-toleh mbrebes mili nang tengah embong.

Wonokairun nyobak nyegat taksi, ambek njelasno lek mari dirampok.
Wonokairun janji mbayar taksine nang omah.
Tibake supir taksine iku gak percoyo, sombong poll, gak gelem nolong blas malah ngilokno.
"Asline wong mbambung ae athik aksi ethok-ethok dirampok ! "jare supir taksine nang ngarepe wong akeh.
Wonokairun loro atine di isin-isin koyok ngono.
Wonokairun akhire terpaksa mlaku mulih nang Sepanjang buntelan koran.
Cumak yo ngono, Wonokairun dendam pol nang supir taksi iku mau, pokoke ditengeri wonge lemu ireng kopiahan.
Aku kudhu isok mbales ngisin-ngisin wong elek iki, pikire Wonokairun.

Minggu ngarepe, Wonokairun dulin nang TP ijenan maneh. Mari wis tuwuk dulin, akhire Wonokairun mulih.
Pas metu TP, akeh taksi sing antri golek penumpang.
Wonokairun sengojo golek supir taksi sing minggu wingi nglarakno ati, katene balas dendam.
Diurut mulai sing paling ngarep, Wonokairun nakoni supir taksine sithok-sithok.
"Cak, nang Sepanjang piro" takok Wonokairun.
"Biasa mbah, borongan ae seket ewu" jare supir taksine.
"Mari ngeterno, tak sodomi yo, ojok khawatir ongkose tak tambahi ?" takok Wonokairun maneh.
"Wok nggilani !!!, Koen kiro aku iki homo tah mbah. Masio elek, aku iki wong lanang normal mbah, goleko sing liyane ae !" jare supir taksi iku ambek misuh-misuh tersinggung.

Kuabeh supir taksi sing dijak kencan jawabe podho kabeh ambek misuh-misuh gak karuan, tapi Wonokairun cuek ae.
Sampek taksi sing paling mburi, akhire Wonokairun ketemu supir taksi lemu ireng kopiahan sing digoleki.
Koyoke supir taksine iku wis lali ambek Wonokairun.

"Cak, nang Sepanjang piro?" Wonokairun aksi takok.
"Biasa ae mbah, seket ewu. " jare supir taksine.
"Yo wis, ayok ndhang budhal." Wonokairun langsung numpak terus budhal, Wonokairun sempet ngelirik kartu pengenale tibake jenenge Markun.

Mergo paling mburi, terpaksa supir taksine iku bengok-bengok ngongkon konco-koncone sing nang ngarep minggir sithik cik isok lewat.
Bareng wis mlaku, Wonokairun dadah-dadah nang supir-supir taksi iku, mesam-mesem ambek ngomong "Eenaaak teennaann . . ."

Konco-konco supir taksi sing ndhelok Markun malih bingung kuabeh gilo kudhu mukok . . .



Apes

Gempil lagi ngejak pacare ngelencer numpak montor bengi-bengi.
Pas sampek Pacet, pacare njaluk indehoi nang njero montor.

Pertamane Gempil isin soale wedhi konangan wong kampung, tapi mergo pacare giras, akhire Gempil nyerah.
Wis mari oleh rong ronde, pacare sik njaluk maneh. Gempil sampek gelagepen ampun-ampun gak kuat maneh.
Gempil njaluk time-out metu montor dhiluk apene rokokan.

Pas katene nyumet rokok, sekok kadhoan Gempil ndhelok onok wong lagi ndongkrak ganti ban bocor.
Bareng dicedaki, tibake koncone dhewe, Muntiyadi, wah ketepakan iki pikire Gempil.

"He Mun !, laopo koen bengi-bengi athik kluyuran nang kene" takok Gempil.
"Lho awakmu Pil, pancen aku lagi apes bengi iki, katene golek gendakan gak oleh-oleh malah banku bocor pisan" jare Muntiyadi.

"Wah ketepakan lek ngono, aku wis oleh gendakan, ayu semlohe, cumak girase gak ketulungan, wis oleh rong ronde sik njaluk maneh, sampek teler aku.
Wis ngene ae, yok opo lek ijol-ijolan ae, montormu tak genti bane terus tak gowo mulih, lha awakmu gendakan ae ambek cewek nang montorku iku, montorku gowoen pisan. " jare Gempil.

"Wah tepak wis, sip !!! " jare Muntiyadi sueneng pol. Gempil yo lego isok mulih.

Sik tas ae Muntiyadi katene mulai gendakan ambek cewek peninggalane Gempil, moro-moro onok wong kampung siskamling nggedhor kocone montor ambek nyentolopi raine wong loro.

"He !!! Lagi opo awakmu nang kono ? "takok wong kampung mbentak Muntiyadi.

"Anu Pak . . aku lagi gendakan ambek bojoku dhewe jenenge Romlah. ." jare Muntiyadi gemeter.

"Lek iku bojomu, laopo gak gendakan nang omahmu dhewe ?" jare wong kampung maneh.

"Anu Pak, sak jane aku lagek weruh lek iki bojoku dhewe pas sampeyan nyentolopi raine . . ." jare Muntiyadi.


Umur

Wonokairun lagi ngobrol soal umur ambek koncone sing podho kewute.

Wak So sing umure 60 taun mulai cerito, "Paling gak uenak iku lek wis umur sewidhak. Ben obah sithik kebelet pipis, tapi bareng wis nang jedhing sampek sepuluh menit gak metu blas, mek anyang-anyangen thok."

Wak Nyo sing umure 70 taun gak gelem kalah, "Lho durung weruh kon yo, paling gak uenak yo lek umur pitung puluh. Mangane kudhu bubur bayi maneh. Mari ngono, ben arep longgo mesti mules kebelet setor, tapi bareng wis ndhodhok sampek sepuluh menit gak metu blas, mek kepentut bolak-balik"

Akhire Wonokairun, sing umure 80 taun, melok ngomong,"Wok kemalan kabeh, sing paling gak weunak yo umur 80 koyok aku ngene".

Wak So takok,"Lho peno yo anyang-anyanen koyok aku ngene yo ?".

"Yo gak se, aku tetep isok pipis lancar ben isuk jam 6." jare Wonokairun bangga.

Wak Nyo genti takok,"Sampeyan mesti ngalami mules kepentut-pentut koyok aku yo ?"

"Sori Rek, aku tetep isok setor lancar ben isuk jam setengah pitu." jare Wonokairun bangga.

Wak So ambek Wak Nyo malih bingung lan penasaran,"Sik tah lah, peno sik isok pipis lancar ben jam 6 isuk, terus peno sik isok setor lancar ben jam setengah pitu isuk. Lha terus opo sing nggarakno gak uenak lek wis umur 80 ?"

"Masalae mek sithok, aku sering kerinan, tangiku mesti jam pitu isuk . . ."


Sing tabah yo . . .

Onok napi ucul seko LP Medaeng, Napine iku wis dipenjara 10 taun perkoro narkoba.
Mergo bingung katene mlayu nang endhi, akhire napi iku mlebu nang omahe Muntiyadi.
Pas iku Muntiyadi lagi kelonan nang kamar ambek bojone, arek loro iku kuaget onok wong sangar mlebu nang omahe.
Durung sempet mbengok, napi iku mau wis nyancang Muntiyadi ambek bojone.
Muntiyadi dicancang nang kursi, lha bojone dicancang nang kasur.
Mari nyancang, Muntiyadi ndhelok napi iku ngelamuti gulune bojone.

Mari ngelamute, moro-moro napi iku ngalih lungo nang jedhing.

Pas napine nang jedhing, Muntiyadi nggeser kursine nyedaki bojone.

"Dhik, wong iku koyoke gak tau ndhelok wong wedhok pirang puluh taun. Aku ndhelok gulumu mau dikelamuti.
Saiki ngene ae dhik, awakmu nuruto ae opo karepe wong iku. Umpomo wong iku njaluk main yo wis tak relakno.
Sing penting wong iku ndhang ngalih terus nyowone awake dhewe isok selamet. Sing tabah yo dhik," jare Muntiyadi wanti-wanti nang bojone.

Mari mbrebes mili, genti bojone Muntiyadi sing cerito.
"Cak, aku melok seneng lek sampeyan ndhuwe pemikiran koyok ngono. Sampeyan bener Cak, wong iku wis sui gak tau ndhelok wong wedhok.
Tapi Cak, wong iku sakjane mau gak ngelamuti guluku. Wong iku mau asline bisik-bisik nang aku"

"Iyo tah dhik, ngomong opo wong iku nang awakmu? takok Muntiyadi penasaran.

"Jarene, sampeyan iku imut-imut ambek seksi Cak, terus wong iku takok aku nang endhi nyimpen Handbody. Sing tabah yo Cak. . ."



Lawang Wesi

Wak So lagek pertama kali iki nglencer nang TP ambek anak bojone.
Jenenge wong ndesit, Wak So ambek anak bojone gumun ndhelok sembarang kalir sing onok nang TP.

Tapi Wak So sak keluarga iku paling gumun ambek lawang wesi krum-kruman sing isok buka tutup dhewe, opo maneh isok muning mak tiing ! . . .

"Bes, opo iku jenenge . . ." takok Togog anake Wak So pas ndhelok lawang wesi iku.

"Aku yo gak weruh pisan nak . . .sak umur-umur lagek pisan iki onok lawang wesi koyok ngene." jare Wak So.

Akhire Wak So sak keluarga ndoprok nang ngarepe lawang wesi iku ngematno ambek ndomblong.
Moro-moro onok wong wedhok tuwek sak pantaran bojone Wak So mencet tombol lawang wesi iku mau.
Mari ngono lawang wesine mbukak, terus wong wedhok tuwek iku mau mlebu nang ruangan cilik, terus pintune nutup maneh.
Mari muni ting ! . . ., terus onok ongko siji murup, loro, telu sampek papat mendeg.
Gak sui ongko papat murup maneh, terus telu, loro sampek siji mandeg.

Pas lawang wesine mbukak maneh, Wak So ambek anake kuaget tibake sing metu iku arek wedhok ABG ayu semlohe.
Wak So bingung ambek kemlecer ngematno arek wedhok iku.
Mari mikir dhiluk, Wak So mbengok nang anake, "Le !. . Ndhang cepetan Makmu lebokno kono . ."


Nyegat bis

Romlah antri nyegat bis kota katene budhal kerjo.
Pacakane sueksi pol, bengesan abang ambek nganggo rok mini.

Pas katene numpak bis kota, mergo rok minine nguapret pol, sampek sikile Romlah gak isok mancik munggah bis.
Romlah ngrogoh selerekan nang mburine rok cik rodhok longgar.
Bareng wis didhukno selerekane, sik pancet nguapret ae, sikile Romlah tetep gak isok mancik munggah bis.

Romlah nyobak pisan ngkas ngedhukno selerekane rok cik tambah longgar.
Tibake sik pancet ngapret ae, sikile Romlah tetep gak isok mancik munggah bis.

Romlah nyobak maneh sampek ping telu, tetep ae gak isok.
Kondekture wis gak sabar bengok-bengok.

Moro-moro onok tangane wong lanang ndhemok bokonge seko mburi, nyurung Romlah munggah bis.

Romlah mendelik nguamuk nang wong lanang iku,"Semprul !!! Gak sopan blas peno Cak, wong gak kenal athik wani-wanine ndhemok bokongku !!".

Wong lanange nyauri,"Yo sampeyan Ning sing gak sopan, wong gak kenal athik wani-wanine mlorot selerekan celonoku ping telu."









Kebon Semongko

Bunali pusing soale ben isuk ndhik kebon semongkone onok tembelek.
Sakjane Bunali weruh lek sing ndhodhok nang kebone ben isuk iku Wonokairun cumak gak wani nyeneni.
Akhire Bunali masang pengumuman sing tulisane ngene "Ini kebunku, bukan WCmu !!!".

Dhadhak tulisane onok sing ngganti ngene "Ini pupukku, untuk kebunmu!!!"


Limolas Juta

Wonokairun lungo nang Tretes mampir nang Wisma Rindu Malam.
Isine wong wedhok ayu-ayu semlohe, sikile mulus-mulus gak onok sing bubulen.
Wonokairun disambut ambet Mamane wisma.

"Aku pingin pethuk ambek Sablah" ajre Wonokairun.
"Mbah, Sablah iku cewek paling ayu nang kene, taripe yo paling larang. Sampeyan mesti gak cukup dhuwike, tak golekno sing liyane ae yo . . ." jare Mamane.
"Aku kudhu pethuk ambek Sablah." Wonokairun mekso.

Akhire Mamane ngongkon Sablah metu seko petarangan, tibake areke pancen uayu tenan..

"Mbah, sampeyan wis weruh tah lek taripku iku limang juta sekali booking ?" takok Sablah.
Gathik kakean cangkem, Wonokairun ngetokno dhuwik sak bundhel isine limang juta.
Mari ngono, Wonokairun digandeng Sablah munggah mlebu arena. Bareng wis mari diservis, Wonokairun minggat.

Sisuke Wonokairun teko maneh nang Wisma Rindu Malam iku.

"Aku pingin pethuk ambek Sablah" jare Wonokairun.
"Mbah, masio sampeyan wingi wis booking Sablah, taripe pancet lho yo gak ono diskon" jare Mamane.
"Aku kudhu pethuk ambek Sablah" Wonokairun mekso maneh. Wong mulai kasak-kusuk ngrasani mbah Wonokairun.

Akhire Mamane nyeluk Sablah.

"Mbah, sampeyan wis weruh tah gak lek taripku pancet limang juta sekali booking ?" takok Sablah.
Gathik kakean cangkem, Wonokairun ngetokno dhuwik sak bundhel isine limang juta.
Mari ngono, arek loro iku munggah mlebu arena. Bareng wis mari diservis, Wonokairun minggat.

Sisuke maneh, Wonokairun teko pisan maneh nang Wisma Rindu Malam.

"Aku pingin pethuk ambek Sablah" jare Wonokairun.
"Mbah, masio sampeyan wingi wis booking ping pindho, taripe Sablah pancet lho yo gak ono diskon" jare Mamane.
"Aku kudhu pethuk ambek Sablah," jare Wonokairun. Wong tambah rame kasak-kusuk ngrasani, tapi mbah Wonokairun cuek ae.

Akhire Mamane nyeluk Sablah.

"Mbah, sampeyan wis weruh tah gak lek tarifku pancet limang juta sekali booking ?" takok Sablah.
Gathik kakean cangkem, Wonokairun ngetokno dhuwik sak bundhel isine limang juta.
Mari ngono, arek loro iku munggah mlebu arena.

Bareng wis mari, Sablah penasaran ambek Wonokairun.
"Mbah, sampeyan iku cik lomane ambek aku, sak umur-umur gak ono wong sing wani mbooking aku lansung ping telu. Seko ndheso endhi sampeyan Mbah ?" takok Sablah.

"Aku seko Sepanjang" jare Wonokairun.

"Lho iyo tah !!, aku ndhuwe dulur nang Sepanjang pisan." jare Sablah kaget.

"Wis weruh aku. Bapakmu mati sak wulan kepungkur. Mbakyumu nggoleki awakmu gak ketemu, terus ngongkon aku nggolek awakmu kanggo nyerahno dhuwik warisan limolas juta . . ."


Putus Cinta

Tatang ambek Wiwik wis oleh nem wulan iki sir-siran.
Ben malem minggu Tatang apel terus ngejak ngelencer, muesra pol pokoke.
Lek goncengan tangane Wiwik nyabuk nang pinggange Tatang.

Malem minggu iki Tatang apel koyok biasane.
Tapi Tatang gak ngiro lek iki tibake apel sing terakhir, soale Wiwik njaluk putus.
"Cak rasane aku wis gak cocok maneh ambek sampeyan . ." jare Wiwik.
Masio dirayu-rayu, Wiwik tetep ae njaluk putus, Tatang langsung lemes pamitan mulih.

Pas arep mulih, Tatang nyaut kaos putih sing semampir nang kursi.
"Kaosmu tak pek gawe kenang-kenangan" jare Tatang.
"Lho ojok cak, iku kaos kotor mari digawe . ." jare Wiwik.
Omongane Wiwik gak dirungokno, Tatang langsung nyengklak bronpit bablas mulih.

Mari putus, Tatang malih koyok wong liwung. Mangan gak enak, turu opo maneh.
Masio kuecut pol, ambek Tatang kaose disimpen nang ngisore bantal.
Ben ndhino awane wengi Tatang mbrebes mili ambek ngambungi kaose mbayangno masa-masa indah.
Sampek seminggu Tatang gak metu kamar blas, sampek ibuke kuatir.

Mari oleh seminggu moro-moro ibuke Tatang nggedor lawange Tatang, jarene ono tilpun seko Wiwik.
Tatang langsung deg-degan mlayu metu kamar nyaut telpune.

"Halo . ." jare Tatang ndredeg.
"Iki Cak Tatang tah ? . ." jare Wiwik.
"Iyo dik, aku wis ngiro lek akhire awakmu bakal nilpun aku, kuangen pol aku dik . . ." jare Tatang sik ndredeg.
"Iyo Cak, bapakku ben ndhino yo nakokno sampeyan terus " jare Wiwik.
"Iyo tah, waduh aku gak ngiro lek bapakmu sampek sak mono ambek aku, opo jare bapakmu ? " takok Tatang.
"Bapakku ngamuk-ngamuk njaluk kaose dibalekno . ."


Nginceng

Tole, anake Romlah, mlayu menggos-menggos mlebu omah nggoleki ibuke.

"Buuuk . .Ibuuuuk...!!!" jare Tole ambek nungkul ibuke.
"Opoko Le, kon kok koyok diuber celeng . .?" takon Romlah.
"Bu aku mari mergoki Bapak ambek Yuk Jah wong loro . . ." jare Tole ambek menggos-menggos.
"Sik tak la, alon-alon lek cerito, longgo sing nggenah dhisik .." jare Romlah ngayemno anake.
"Ngene lho Buk, pas aku dhulin nang omahe Kelik, aku ndhelok Bapak mlebu nang omahe Yuk Jah." jare Tole.
"Wis wis Stop ! Stop ! Stop!, ceritone disimpen dhisik ae. Lek Bapakmu teko, ceritone lagek diterusno. Aku pingin weruh reaksine Bapakmu. "jare Romlah.

Sorene Muntiyadi mulih wis dienteni Tole ambek Romlah.
"Ayok Le, age ndhang cerito nak" jare Romlah.

"Pas aku dhulinan nang omahe Kelik, moro-moro aku ndhelok Bapake mlebu nang omahe Yuk Jah. Aku timik-timik nututi Bapake, terus nginceng seko jendelo. Aku ndhelok Bapak terus sayang-sayangan ambek Yuk Jah. Mari ngono aku .... wis gak wis aku gak wani nerusno . ." jare Tole.

Romlah penasaran, Muntiyadi gemeter tegang.
"Ojok wedhi ambek Bapakmu, ayo age terus no. Mari ngono Bapakmu lapo ambek Yuk Jah !!" Romlah mekso anake.

Mari dipekso-pekso akhire Tole nerusno ceritone
"Mari ngono Bapak ambek Yuk Jah dulinan jaran-jaranan koyok . . . koyok . . .” Tole mandeg maneh gak wani ngomong.

“Lho ayo terusno ojok wedhi, koyok opo ayo sing jelas “ Romlah mbentak anake maneh.

Akhire Tole wani nerusno maneh.

“Koyok Ibu ambek om Gempil mbiyen . . ."


Deodorant

Romlah mampir nang toko katene tuku deodorant.

"Cak, aku arep tuku deodorant gawe "bagian bawah"," jare Romlah ambek ndhudhing anune.

Sing ndhuwe toko bingung lha mosok onok deodorant gae "bagian bawah".
"Sepurane yo ning, gak onok deodorant sing kanggo bagian bawah." jare sing dhodhol.

"Yok opo se peno iku, wong aku sering tuku kok !" jare Romlah muring-muring.

"Lho sampeyan onok contone tah ?" jare sing dhodhol.
"Yo!. Iki lho barange." jare Romlah ambek ndhudhuhno wadahe deodorant kosong.

Sing dhodhol kudhu ngguyu tapi dimpet.
"Ning !! Iki ngono deodorant biasa sing kanggo kelek" jare sing dhodhol.

Romlah tersinggung diguyu-guyu.
"Lho peno iku sing ngengkel ae, woconen tah tulisane iku." jare Romlah ambek njentit ngangkat roke sampek "bagian bawah"e kethok.

Bareng sing dhodhol moco, tibake tulisane ngene "Untuk pemakaian, tekan bagian bawah"


Ngelindur

Muntiyadi turu ngeloni Romlah, bojone. Pas enak-enak turu, Romlah dhadhak ngelindur celuk-celuk pacare.
"Mas Gempil . . . aku kangen mas. Mas Gempil peluklah aku mas . . ."

Krungu ngono Muntiyadi malih cemburu ngamuk-ngamuk gak karuan, Romlah langsung diseret lang jedhing.

"Hayo ngomongo !!! Awakmu pingin pethuk ambek Gempil tah ???!!!," jare Muntiyadi mbentak bojone.

"Iyo cak . . . " jare Romlah.

Langsung sirahe Romlah didelepno nang banyune bak mandi, cik kapok pikire Muntiyadi.
Mari oleh sak menit Romlah gelagepen, ambek Muntiyadi sirahe diangkat terus ditakoni maneh.

"Wis saiki ngomongo maneh !!! Awakmu sik pingin pethuk ambek Gempil tah ???!!!," jare Muntiyadi maneh.

"Iyo cak . . ." jare Romlah.

Langsung sirahe Romlah didelep nang bak mandi luwih sui maneh, sik gak kapok ae arek iki pikire Muntiyadi.
Mari oleh rong menit Romlah gelagepen, ambek Muntiyadi sirahe diangkat terus ditakoni maneh.

"Hayo ngomongo maneh !!! Awakmu sik pingin pethuk ambek Gempil tah ???!!!," jare Muntiyadi maneh.

"Iyo cak . . ." jare Romlah.

Muntiyadi tambah muntap. Pas arep didelepno nang banyu maneh, Romlah berontak terus takon nang Muntiyadi.

"Sik tah cak, sampeyan yakin tah lek mas Gempil onok nang njero banyu ?"


Putus Asa

Sore-sore Muntiyadi jagongan ngelamun nang warung, pandangane kosong ambek tangane ngudek es teh.
Moro-moro Paidi, koncone, teko ngageti terus langsung nyaut ngombene Muntiyadi diglogok sampek enthek, karepe ngono ngejak guyon.

Muntiyadi nuangis gerung-gerung, koncone malih gupuh kabeh.

"Wok!! Kon iku jarene tentara tapi kok cik gembenge, ngombemu tak saut ae wis nangis," jare Paidi.

"Sak dino iku apes thok uripku." jare Muntiyadi.

"Lho opoko, mbok menowo aku isok nulungi," jare Paidi sakno.

"Isuk mau, aku dipecat mergo ngilangno bedhile komandan," jare Muntiyadi.

"Walah ngono ae lho, laopo se dipikir. Awakmu lak demphal tah, dadi bodyguard utowo preman pasar sik payu," jare Paidi.

"Iku sik gak sepiro. Mari dipecat, aku mulih gasik. Pas sampek omah, dhadhak aku mergoki bojoku lagi indehoi ambek koncoku," jare Muntiyadi.

"Wis gak usah dipikir. Bojomu lak pancen ngono kelakuane, pegaten ae, wong wedhok sik uakeh sing tahes komes," jare Paidi.

"Iku sik gak sepiro. Aku wis putus asa, katene bunuh diri ae. Aku tuku potas terus tak campur es teh, bareng arep tak ombe dhadhak kon saut pisan,"



Malam Pertama

Cak Mar sik tas rabi, lenger-lenger nang pos hansip koyok wong liwung. Gak sui Cak So liwat.

"Mar, kon iku manten anyar gak tambah seger lha kok malah lungset nyaprut. Opoko kon iku Mar ?" takok Cak So.

"Iyo Cak, aku kepikiran bojoku." jare Cak Mar.

"Opoko bojomu iku, wong tak dhelok bojomu iku tahes ngono lho." jare Cak So.

"Ngene lho Cak. Aku iki biasa njajan. Lha pas mari main malam pertama wingi, aku ngetokno dhuwik seketan. Pikirku, arek wedhok sing bodine koyok ngene paling banter taripe seket ewu. Aku luali pol lek tibake iku bojoku dhewe." jare Cak Mar.

"Kon yo ngawur ae. Tapi wis gak usah dipikir nemen-nemen, paling bojomu tersinggung sedhiluk terus mari ngono yo kangen ambek peno maneh."

"Aku kepikiran gak perkoro wedhi bojoku tersinggung " jare Cak Mar.

"Lha opo lho masalae ?" Cak So malih bingung.

"Mari tak ke'i seket ewu, dhadhak aku disusuki selawe."




Foto

Mari kencan ambek pacare, Cak War kepingin rokokan.
Mari rogoh-rogoh celono, Cak War gak nemu koreke, terus takok pacare be'e ndhuwe korek.

"Koreke nang laci Cak. " jare pacare Cak War.

Pas mbukak laci, tibake Cak War ndhelok onok fotone wong lanang dhempal brengosan.
Cak War langsung pucet wedhi kabeh.

"Lho dik, iki bojomu tah ? Cik sangare dik." Cak War takon nang pacare.

"Huss . .ngawur ae . ." jare pacare.

"Tunanganmu tah . . ?" Cak War sik penasaran.

"Dhudhuk Cak, peno salah " jare pacare ambek ngalem nang Cak War.

“Ooo paling iki masmu, wong irunge mirip.” Cak War mbedhek maneh.

“Dhudhuk Cak, peno salah maneh. “ jare pacare.

"Lek ngono sopo wong iki ?" Cak War tambah penasaran.

Pacare njaluk pangku ambek ngalem mari ngono lagek ngaku.

"Iku ngono fotoku dhewe sak durunge operasi kelamin . . "


Ulang Tahun

Cak Dri ulang tahun sing ke 40. Atine rodhok sedih soale pas tangi isuk bojone meneng ae gak ngucapno selamat, koyoke lali.
Pas sarapan kate budhal kerjo, anak-anake yo mbidhek kabeh gak onok sing eling ulang tahun Bapake.
Cak Dri budhal kerjo ambek ati nelongso.
Bareng nang kantor, Yuk Ni konco kantore nyambut "Pagi Cak Dri. Selamat Ulang Tahun ya"
Cak Dri atine seneng akhire onok wong sing eling ambek ulang tahune.

"Wah . .pancen kebacut anak bojoku mosok lali ambek ulang tahunku " pikire Cak Dri.

Pas arep mangan siang, Yuk Ni ngejak metu wong loro.

Pikire Cak Dri, waduh kapan maneh rek oleh tawaran koyok ngene, ketepakan Cak Dri sui naksir Yuk Ni pisan cumak gak wani ngomong.

"Yok opo lek awake dhewe istirahat nang kos-kosanku Cak ?" jare Yuk Ni ambek ngalem.

Cak Dri ho-oh ae.

Pas sampek kos-kosan, Yuk Ni ngongkon Cak Dri ngaso dhiluk.

"Cak, anggepen iki omahmu dhewe. Aku tak nang kamar dhiluk, wis tah pokoke aku onok kejutan gawe sampeyan." jare Yuk Ni.

Pas ditinggal ijenan, Cak Dri wis mbayangno kejutan seko Yuk Ni, atine mpot-mpotan gak sabar.
Pikire aku yo isok rek membuat kejutan, akhire Cak Dri nyoplok klambine kuabeh sampek blejet ambek ngenteni Yuk Ni salin.
Cak Dri terus merem mbayangno bodine Yuk Ni ambek wudho kelesetan nang sofa.

Dhadhak ujug-ujug dumadhakan, Cak Dri kuaget sampek mecitat krungu onok wong akeh nyanyi selamat ulang tahun.

Bareng Cak Dri melek, tibake Yuk Ni nggowo kue tar ambek anak bojone Cak Dri metu seko kamar.

1 komentar: